Angin sembrebet rasane anyes ngekes rumesep ing balung, udan sedino dino,
blumbang mburi omah kebak kabeh , suoro kodok kong kang podo kesenengen , kung
kang...kek ...kung...kang kek, erek rek...
wiwit wingi ora ono pedote.
dalan wetan omah tansah mili mergo udan ora ono lerene. pitik- pitik mung
nyetetek ndekem ono plangkringan pojok kandang, wedus yo mung njerum (ndeprok)
karo nggayemi suket seng rong dino kepungkur tak rit ke.
wis rong dino ikisrengenge ora katon sumunar kanti panas, mung kolo-kolo miyak
mendung sing gumulung kandel.
kali lor omah wiwit wingi sore peres karo pekarangane mbah Suye, ora ono uwong
ciblon , merga iline banyu banter tur wernane coklat butek nggowo lumpur
pegunungan tirtomoyo.
yen padatan banjir, podo candang kayu sing keli, kadang oleh kayu gede ,
nanging biasane sing keli dicandangi mung kayu pang cilik-cilik sing mung isa
kanggo daden geni nggo masak yen wis di pepe garing.
ono pinggire kali yen bandang ( banjir) biasane ono sing golek iwak nganggo pecak
( jaring sinh ambane sak meter segi empat di wenehi cekelan kayu) . yen pas
untung kadang oleh sak kepis ( keranjang kusus wadah iwak digawe soko bambu
sing di iket ono ing bangkek an/pinggang), terkadang oleh lele bader opo kutuk,
mergo yen banjir iwak- iwak podo minggir.
wingi sore banjir wis luber neng dalan, banyu wis munggah teko sawahe mbah
Janoyo. pari sing meh mbledug( metu kembange) klelep.
dalan sing cedak deso pengkol wis sumbang ra iso di lewati. yen arep menyang
Betal dalane ora iso di lewati.
salah sijine coro yo mung lewat kreteg sepur sing biso tekan kecamatan
betal.... ( ono tutug e) in syaa allah.
kedunggaleng 6 januari tahun 1970.an..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar